Saturday 14 July 2012

Cerita Ramayana


Cariyos Ramana yaiku cariyos Sang Rama ingkang mrentah Kerajaan Kosala, ing sisir lor Lepen Gangga , ibukotanipun Ayodhya. Cariyos Ramayana diwiwiti saka Kisah Prabu Dasarata kang gadhah 3 garwa yaiku Dewi kosalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Dewi Kosalya gadhah putra ingkang asmane Rama. Dewi Kekayi putra Bharata. Sanajan Dewi Sumitra nggadahi putra kembar yaiku Lakhsmana lan Satrugna.

Wonten ing satunggaling dinten, Rsi Wiswamitra nyuwun pitulungan dhateng Rama supados ing tapa mboten wonten gangguan saking para buta. Rsi wiswamitra, Rama lan diirngi Lakhsmana kesah wontening alas. Ing radinan, Rama lan Lakhsmana diwenehi ilmu kerohanian saking Rsi Wiswamitra. Ing sadawaning radinan, Rama lan Lakhsmana mejahi para buta ingkang ngganggu upacarane para Rsi. Nalika langkung mithila, rama tumut sayembara kang dianakake Prabu Janaka. Rama menang lan gadhah Sinta kangge didadosaken garwa. Sinta iku putrinipun Prabu Janaka. Dewi Sinta dibekta rama menyang Ayodhya, diiringi Lakhsmana.

Prabu Dasarata kang sampun sepuh, badhe ndadosaken Rama raja. Nanging panyuwune Dewi Kekayi , kang Prabu maringi tahta dhateng Bharata. Bharata kepengin Rama dados raja. Nanging Rama mboten purun, malah ninggalake kerajaan lan luwih milih gesang wonten ing alas ka;iyan garwane. Salajengipun kang dados mrentah Kerajaan Kosala yaiku Bharata.

Wonten ing tengahing alas, Rama lan Lakhsmana kepanggih kaliyan buta, ing antarane Surpanaka. Jalaran Surpanaka gadhah dendam dhateng Rama lan Lakhsmana grananipun tatu dening pedange Lakhsmana. Surpanaka ngadu dhateng Rawana menawi piyambakipun disiksa. Rawana jengkel lan kepengin balas dendam. Rawana nekani Rama kaliyan Lakhsmanaa banjur ngangge tipu muslihat, Dewi Sinta diculik dening Rawana. Jatayu kang arep nolong mboten saged, saengga piyambakipun gugur.

Rama ingkang mangertosi menawi garwanipun diculik, banjur nggoleki Rawana menyang Kerajaan Alengka saking petunjuk Jatayu. Wonten ing dalan, rama kepanggih kaliyan Sugriwa, Sang Raja Kiskindha. Jalaran pitulungan sang Rama, Sugriwa saged ngrebut Kerajaan saking rakanipun, subali. Kangge balas jasa, Sugriwa mbelani sang Rama dibantu kaliyan Hanuman lan ewunan  wanara kangge nggempue Alengka.

Rawana ingkang mangertosi kerajaanipun diserang, ngutus bala kaliyan putranipun Indrajit kangge nyerang Rama. Nasihat Wibisana (rayinipun) mboten digatekna lan malah piyambakipun diusir. Akhiripun Wibisana mbelani Rama. Indrajit nguculaken gaman nagapasa lan nampa kamenangan nanging mboten lami. Indrajit seda ing asta Lakhsamana. Sesampunipun bala lan para patihipun seda siji-siji, Rawana datheng marang perang iku. Ngangge panah Brahmasastra ingkang sakti, Rawana seda dados ksatriya.

Salajengipun Rawana seda, tahta Kerajaan Alengka diparingin marang Wibisana. Rama, Sita lan Lakhsmana dhateng wonten ing ayodhya. Hanuman ngabdi marang Rama. Nalika dhateng ing Ayodhya, Bharata nyambut Rama, Sinta lan Lakhsmana kaliyan takzim lan penyerahan tahta saka Bharata marang Rama.

No comments: