Saturday 14 April 2012

SESORAH PERPISAHAN SEKOLAH

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bapak kepala sekolah ingkang kula urmati saha ibu guru ingkang kinurmatan. Bapak saha Ibu guru ingkang kula urmati ugi, sumawana para rencang-rencang ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami. Kula kaliyan siswa kaleh welas sekedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan ing SMA menika. Kula minangka wakilipun kelas kaleh welas badhe ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kuwajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan bapak ibu guru pikantuk pinwales saking Gusti ingkang Maha Agung. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel bapak ibu duka lan kuciwa awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan. Dhumateng adhik-adhik kelas ingkang satuhu kula tresnani, mugi-mugi tansah sregep anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan menika. Dadosta siswa ingkang tansah setya tuhu dhateng dhawuhipun guru tansah ngurmati lan ngajeni dhateng tiyang sepuh. Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur kawula, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Nuwun Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

No comments: