Thursday 14 December 2017

TRADISI GREBEG BESAR ING DEMAK








Tradisi Grebeg Besar Demak yaiku tradisi budaya sing diadaake ing tanggal 10 Dzulhijjah kanggo mringati Idul Adha ing Kabupaten Demak. Ing zaman mbiyen Grebeg besar diadaake ing Masjid Agung Demak kalihan nanggap Gamelan supaya para warga Demak ingkang isih kuat pengaruhipun Hindu-Budha seneng nekani  acara kalawau, sakwise iku uga diisi dakwah para Wali sahingga rakyat tambah kuat iman lan taqwanipun kalihan Gusti Allah SWT.
Tradisi Grebeg besar saiki dimerahake kalihan karnaval kirap budaya sing diwiwiti saking Pendopo Kabupaten Demak lan diakhiri ing Makam Sunan Kalijaga ing Desa Kadilangu sing jarake kurang luwih 2 Kilometer saka masjid Agung Demak.

Prosesi tradisi grebeg besar ing Demak yaiku :

  • Ziarah ing makan Sultan-Sultan Demak lan Sunan Kalijaga
  • Ngadaake Pasar Malam Rakyat ing Tembiring Jogo Indah
  • Selamatan Tumpeng Sanga
  • Slolat Ied ing Masjid Agung Demak
  • Kirab Budaya
  • Panjamasan Pusaka paninggalanipun Sunan Kalijaga (Kutang Ontokusuma lan Keris Kyai Crubuk) 

No comments: