Retune iwak jenenge Sura. Kabeh bangsa iwak padha seneng marang retune jalaran pancen bisa ngemong lan dadi contoh ing wargane. Bangsa iwak kabeh dikandhani anggone urip, supaya ora gampang kena pancing, jalaran ing segara kono akeh wong mincing. Sing ora nurut ya pancen kena pancing tenan lan dadi patine. Nanging yen manut, ora bakal kena pancing. Ora kurang-kurang anggone ngandani marang bangsa iwak, nangin nyata Sura nampa lapuran yen ana sawetara iwak kena pancing. Sura pancen wis makaping-kaping ngandhani yen golek pangan aja gampang kena pengaruh pancing, yen padha ora nggugu yea kuwi padha ngertiya iwak sing kena pancing mesthi mati.
Ing segara kono pancen dadi obye,k mancing, narrging bareng kabeh nindakake peprentahe ratune, kabeh iwakslamet ora ana sing kena pancing, lan ora ana maneh wong mancing ing kono. Mula kabeh bangsa iwak serreng atine, saiki wis bebas pancing. Nanging anehe, saking senenge anggone padha golek pangan nganti tekan sungapane kali bengawan. Iwak-iwak rerombongan golek pangan mrono, ora ngetung bebaya, jalaran ing sungapane bengawan kono omahe warga baya. Weruh rombongan iwak, banjur dielikake, aja padha golek pangan ing kono. Iwak ora nggubris, mula baya nesu, kabeh iwak dipangan ngono wae, sadela wae wis kamplung mlebu wetenge baya. Ewadene ana iwak siji kang slamet banjur mlayu-mulih lapuran marang ratune yaiku sura. sura dilapuri sing maune ora nesu wong kuwi pancen dadi wenange baya, lan iwak sing wis mati padha ora manut aturane, mula ya wis ben mati mung sing durung aja nganti tekan wewengkone baya.
Seje dina Sura mikir, lha yen ana lelakon kaya ngono, mangka Sura iku pimpinane apa ora mbelani? Yen mung ngono anggone dadi ratu ora kajen, lan ora duwe kawibawan. Suwe-suwe malah disepelake bangsa iwak. Mula sawise pamikire jumbuh lan gumathok, Sura arep males ukum marang baya ing sungapane bengawan. lakune diuntapake warga iwak, nanging iwak ora kena maju lan cedhak, malah supaya padha nonton tarunge karo baya. Sing entuk prentah manut mapan rada adoh, ndeleng kaya ngapa tarunge mengko. Lakune meh tekan sungpane bengawan,lingak-linguk nggoleki baya ora ana katon. Bareng weruh klebate anak baya, diundang lan dikandhani yen ing sungapan ana tamu sura ratune iwak. supaya dikandhakake baya. Anak- anak baya banjur lunga kandha rnarang wong tuwane, yen ana tamu arep ketemu. Krungu palapuran mau baya banjur mangkat nemoni Ratu lwak. sawise ketemu padha rembugan apik-apikan, suwe-suwe dadi rada kasar lan wusanane dadi congkrahan kang pungkasani dadi gelut, perang tandhing ora ana sing wani ngroyok.
Ing sungapane kali kono ana ombak gedhe dadakan, jalaran angone padha tandhing tiyasa padha saktine, ora ana sing menang lan ora ana sing kalah anggone perang nganti pirang-pirang dina ora ana sing gelem kalah. Bangsa baya was-was atine, aja-aja baya kalah. Semono uga warga iwak aja-aja mengko ratune kalah. saengga kabeh mung mlongo ora ana sing wani ngroyok dadine mung meneng karo ngulatake perange.
Sadina, rong dina, seminggu, sesasi, durung rampung. Perange sejak ana aturan, jalaran ana wanci ngaso kanggo mangan sawetara, banjur maju maneh. Menawa wengi anggone perang uga leren. Mangkono sateruse, Iwak rumangsa labuh pati marang kulawargane, denebaya semono uga belani wargane lan wewengkone dijarah rayah pangane. Mula anggone memungsuhan padha dene ngeyele, lan ora ana sing wani misah. Kabeh padha ngatonake kasektene dhewe-dhewe, suwe-suwe iwak lan baya mati sampuyuh. Kanggo mengeti: perange sura ratu iwak lan baya, papan mau dijenengake SURABAYA.
1 comment:
izin mbaca ya mas......
Post a Comment